TUNTUNAN MANEMBAH

PATRAPING SEMBAH JALMA WINILIS TUMUJU PAKARTI NGLUHURAKEN SEMBAH KAPING PITU (7X) kunjuk dateng Ngarsa Dalem GUSTI Ingkang Murbeng Gesang....


PATRAPING SEMBAH JALMA WINILIS TUMUJU PAKARTI NGLUHURAKEN

SEMBAH KAPING PITU (7X) kunjuk dateng Ngarsa Dalem GUSTI Ingkang Murbeng Gesang.
SEMBAH KAPING TIGA (3X) katur Pepundhen SARI utusaning GUSTI
SEMBAH KAPING SEPISAN (1 X), minangka tatananing sembah dateng GURU, tiyang sepuh utawi manungsa ingkang wajib dipun sembah ugi klebet leluhur ingkang sampun sumare menapa dene Titah Alusing Kasar.

BANGUN CANDHI ingkang ateges ngukuhaken, jejegaken raga sak isinipun:

Jejeg lan Kukuh adeging Pangertosan anggenipun gayuh kanthi temen anggenipun nindakaken lampah minangka pitumbas dateng gegayuhanipun
Jejeg lan Kukuh Adeging Raga sak gadhuhanipun lan Prabot-praboting gesangipun
Jejeg lan Kukuh Adeging Cipta, Rasa lan Karsanipun.

TATA KRAMANING MANEMBAH lan JANGKEPING SRANA

RAOS, raosing jalma winilis manembah kedah mligi dateng manembahipun ateges boten menggalih neka-neka.

AGEMAN, ngagem ageman jangkep:
NYAMPING supados salebetipun manembah tansah dipun amping-ampingi dening Pepundhen ingkang nuntuni;
SURJAN, saged ngesur utawi nyisihaken kaprajaning pengangen-angen, wontenipun namung tumuju dateng raos manembah;
UDHENG, salebetipun manembah tansah ngertos utawi mudheng dateng Sasmitaning GUSTI.

PESUCEN, pangenan ingkang dipun sucekaken, suci ateges resik menggah pangertosaning batos, mila papan kedah dipun persudi menggah karesikanipun ingkang badhe ndayani tumamaning daya wening. Pesucen ugi klebet panggenan suci ingkang dipun luhuraken dening jalma manembah GUSTI, mila menawi badhe mlebet pesucen kedhawuhan nyembah kaping tiga, sembahing jalma winilis tumuju Pepundhen SARI. Sesampunipun nyembah nembe pareng mlebet kanti niti priksa kawontenan salebetipun pasucen dateng bab karesikanipun.

SRANA, srana baken kedah ajeg anggenipun nggantos awit srana piniji mujudaken perlambanging gegayuhan.

LENGGAH, lenggah tata kanti nata raos, sesampunipun tata tumunten nyembah kaping pitu, sembahing jalma winilis tumuju GUSTI ingkang katindakaken sesampunipun ngagem Wangen. Mewawi sedaya sampun katindakaken kanti trep tumunten ngucap EMELAN saged dipun batos, kaucapaken kanti cetha trewaca menggah maknaning tembung dados boten namung dipun apalaken.

PAKARTINING MANEMBAH, wonten ing salebeting raos kados boten pinuju lenggah sila ananging wonten ing salebetipun ‘raos enget lan boten enget’ ananging boten ngantuk. Mireng swanten sinaose boten ngertos dateng pikajenganipun swanten nanging sampun ngantos makarti medal saking raosing jalma. Menawi ngantos makarti medal raosing jalmanipun ateges anggenipun manembah taksih dereng Neng lan Ning taksih dipun reridu dening prabot-prabot lan sederekipun piyambak.

Pangguladhinipun manembah supados saged NENG klawan NING kedah nyetitekaken medal mlebeting napas. Panyedoting napas medal grana kanti ngucap HU, dene medaling napas saking tutuk kanti ngucap ALLAH ingkang katindakaken dumugi purnaning manembah.

Minangka titikan anggenipun manembah menapa sampun katindakaken kanti leres menika saged katitik saking anggenipun lenggah sila sinaosa dangu anggenipun manembah boten bade kraos gringgingen. Sakpurnaning manembah, bade lengser saking pesucen kedhawuhan nyembah kaping tiga, sasampunipun nyembah nembe lengser medal saking pesucen. Sumangga !!. Rahayu!. Ki Sardjito.
Name

artikel,23,berita,45,budaya,12,Cermin,1,dharma,1,fiksi-file,7,filsafat,6,ghaib,2,ilmu,1,inspiratif,11,internasional,11,iptek,5,islami,31,kaweruh,6,kejawen,5,kesehatan,7,kisah,6,militer,9,mistik,6,nasional,1,nusantara,2,olahraga,1,opini,1,politik,3,psikologi,1,sejarah,21,selebriti,3,seni,3,spiritual,31,supernatural,2,tasawuf,4,Tausiah,6,tips,8,Unik,5,wanita,4,
ltr
item
SWARA NUSANTARA: TUNTUNAN MANEMBAH
TUNTUNAN MANEMBAH
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgUEOhcq4EbvZFpS-BT3AGRwJC18zgrIam7mt4bza1eSFl3_1E7wFwjhz3VBt18Zpt7ZqgWl6tLx-rDPj1MnlSx4z7MbgZHJr8IsgbnrDriBKXddRM2a5uyVEuPcTqaWi9HGKqhv2X0JUY/s640/dana-tresna-satindake.jpg
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgUEOhcq4EbvZFpS-BT3AGRwJC18zgrIam7mt4bza1eSFl3_1E7wFwjhz3VBt18Zpt7ZqgWl6tLx-rDPj1MnlSx4z7MbgZHJr8IsgbnrDriBKXddRM2a5uyVEuPcTqaWi9HGKqhv2X0JUY/s72-c/dana-tresna-satindake.jpg
SWARA NUSANTARA
https://suwarnews.blogspot.com/2017/11/tuntunan-manembah.html
https://suwarnews.blogspot.com/
http://suwarnews.blogspot.com/
http://suwarnews.blogspot.com/2017/11/tuntunan-manembah.html
true
3038772048707643647
UTF-8
Loaded All Posts Not found any posts LIHAT SEMUA Readmore Reply Cancel reply Delete By Home PAGES POSTS View All RECOMMENDED FOR YOU LABEL ARCHIVE SEARCH ALL POSTS Not found any post match with your request Back Home Sunday Monday Tuesday Wednesday Thursday Friday Saturday Sun Mon Tue Wed Thu Fri Sat January February March April May June July August September October November December Jan Feb Mar Apr May Jun Jul Aug Sep Oct Nov Dec just now 1 minute ago $$1$$ minutes ago 1 hour ago $$1$$ hours ago Yesterday $$1$$ days ago $$1$$ weeks ago more than 5 weeks ago Followers Follow THIS CONTENT IS PREMIUM Please share to unlock Copy All Code Select All Code All codes were copied to your clipboard Can not copy the codes / texts, please press [CTRL]+[C] (or CMD+C with Mac) to copy