BUDAYA SUKMA DALAM TEMBUNG MOCOPAT

DHANDHANG GULA 1. .Suhana sru sarkara kumawis Kyatartane ngawimba pra wikan Tareh weh tarih nyruweteh Marma sagung partemun ...


DHANDHANG GULA
1.
.Suhana sru sarkara kumawis
Kyatartane ngawimba pra wikan
Tareh weh tarih nyruweteh
Marma sagung partemun
Taryana dwija ngalantip
Hardanta ingahira jamake sibujul
Sirsa-sorang-sirsana-san
Wugal wagu weh wuruk ruwet jinarwi
Kayeki kang wewekas
2.
Pan Paduka Panutan Ramarsi
Pran Soeh Sastra Suwignya amejang
Nagurip iku wajibe
Mikani asal usul
Biyen siki tanapi benjing
Binudya mrih sembada
Away kandeg tembung
Tembang suluk lelungidan
Japa mantra lapel klenik dakik ndelik
Dekeman dakon setan
3.
Ring sejarah Panutan Maharsi
Gusti Allah paring tugas mulya
Tri perangkat iku cacahe
Eko kinen mitepung
Para umat lawan Yang widhi
Kadwi nimbulaken lakyan
Nengahi pra – lakon
Agama nengah Agama
Katri brasta angkara murka puniki
Yogya den kawruh ana
4.
Katri tugas wus binabar dadi
Destun nyata sampun kinedepan
Mring para pangrasuk kabeh
Gyan kabyak durung tuwuk
Nging sayekti kabeh ngakeni
Ageng munfangat ira
Lahir bathin tuhu bagya
Donya kubur kirat
Lakweng urip pan sarwi pinathok dalil
Tri budaya suksma
5.
Pan kawuwus tugas Tri prakawis
Yen kinata kadya datan telas
Gya ginarba hakikine
Dumunung Hyang Maha Agung
Yeku asal usuling urip
Ya Allah Maha Esa
Kita wajib tepung
Tepung tenan ing sarwinya
Dzad sifat myang cirri makarti atertip
Dikongsi nyata tenan
6.
Tenan jumbuh kawula lan Gusti
Tenan nunggal sukma lawan Allah
Tumenan neng Alam ghaib
Alam suci Asuwung
Amung isi kawula lan Gusti
Wengku winengkeng cahya
Kang padang ngalimut
Nglimuti tanpa wusana
Awya kandeg yen durung ngrasa keyektin
Makna tenan kadyeka
7
Mangkya urip kita kang  kadyeki
Dumadi sing kumpuling gempilan
Anasir maneka warneng
Wadag kalawan alus
Alus kotor myang alus suci
Sari swasaneng jagad
Jagad agal- lembut
Sinepuhan cahya Allah
Cahya Allah manjing dadya dasar urip
Kang murba-mobah-molah
8.
Yen jinereng wewadining urip
Angendarah kawya tan wusana
Nging lamun pinet lajere
Pinanggya gangsal sampun
Nadyan ruruh tinata ritis
Siki gempilan Allah
Cahya iku wujud
Manjing dasar urip kita
Mobah –molah mriksa-myarsa-ngrsa-ngerti
Dayaning cahya Allah
9.
Kapindone warana Hyang widhi
Gedong Allah  ya sukam – Kapisan
Ring Allah kinarya Bibet
Bibit salwiring wujud
Agal lembut kotor myang suci
Jumeneng wakiling Hyang
Pan ugi sinebut
Suksma nabi- lajer-Allah
Sring manjanma ngeja wantah wola wali
Ngampil agama Allah
10.
Kang katelu suksma kita sami
Yeku-aku-alus-suci kita
Kang madepak alam Ghoib
Mangkya lajer pananggung
Nanggung jawab nasibing urip
Begja lawan cilaka
Lahir bathin nipun
Gumantung ambeking suksma
Hukuming Hyang tuhu sipat otomatis
Salwir reh met sing kit
11.Kapa nyawa napsu kita sami
Aku-alus-kotor –murkeng kara
Alam kubur makuwone
Dadya begal myang satru
Pamurunging suksma mrih suci
Kelima iku raga
Wadag wadahipun
Perangan kang patang prangkat
Raga wadag rusak pejah demakarti
Purba nyawa myang suksma
12.
Pan kadyeka wewadining urip
Gangsal prangkat kang kalih wus ngegka
Yeku raga myang suksmane
Kang sma ana telu
Eka cahyaning Allah
Mangkya kadwinipun
Suksma nabu lajer Allah
Katri nyawa satruning Hyang Maha suci
Ngaurip wajib wikan
SINOM
1.
Muda-wreda-kenya-priya
Kekasih Hyang Maha Suci
Den gandrung asmareng warah
Wewarahing sakara ngarsi
Ngelmi wewading urip
Donya-kubu –keratipun
Rucat racuting gesang
Ilmu katri wajib pinirih
CahyaningHyang-wakiling Hyang-satruningHyang
2.
Katri sipat ka alusan
Pantumameng alam ghaib
Alam jro ning nendra kita
Kang kaprah sinebut ngimpi
Marma tanliya maning
Suksma pribadi kang nempuh
Nitik niti sumpena
Naluri tindak pra nabi
Pra-pandita- tanampi panutan kita
3.
Wajib ugi penengetan
Watak wantu ngelmi katri
Dzat sipatnya asring tan wlaka
Mancala putra myang putrid
Anging kang watak cirri
Ajeg tan owah saglugut
Cahya Hyang watak padang
Wakiling Hyang watak asih
Satruning watak goroh gething nistha
4.Pilih suksma kwawa mbabar
Mrih wlakaning  ilmu katri
Kwawa myang tan kwawanira
Minangka pratanda bukti
Leres lepating karti
Tumraping manungsa iku
Mangkya Panutan nyabda
Yen dek urip durug bangkit
Prapteng maut selak mokal yen bangkit
5.
Prasuksma titah kang tansah
Kwawa mbabar ilmu katri
Pratanda winahyeng Allah
Neng donya tansah pratitis
Neg kubur tansah sakti
Neng kirat tansah pagut
Ingandikan wakil Hyang
Yeku’jumbuh kawula lan Gusti”
Minggah maning”manungal kawula lan Gusti”
6.
Kanthi dasarpengalaman
Sing para lebda semedhi
Murih lan petang ilmiah
Ilmiah lahir myang bathin
Karana  Allah yekti
Wujud cahya padang mancur
Watak Hyang mung sun ngganjar
Mung mring para kang idep ugi
Ganjaranya ugi mung sipat pepadang
7.
Dudu banda dudu drajat
Dudu dewa – widadari
Anging dayaning pepadhang
Sayekti maweh pratitis
Teges tembung pratitis
Salwiring reh pan kawengku
Sarwa kinarsa teka
Kang sarwa cinipta dadi
Pan sarwa trep mangkya-donya-kubur-kerat
8.
Yekti Hayang tan nate nyiksa
Myang ngukum pra umat sami
Mengkono tumrap pra titah
Kang samya nyingkur Hyang Widhi
Ateges ngungkuraken sih
Pepadanging Hyang Maha Agung
Kang ingadep tan liya
Mung pepeteng kang nglimuti
Peteng karsa-peteng cipta –peteng rasa
9.
Hyang tan butuh ngukum-nyiksa
Sipeteng nyemplung pribadi
Kukum kasiksa priyangga
Tumamenglahir myang bathin
Mangkya kupiya mangkin
Tumrap aneng donyanipun
Dyan sinung bandha drajad
Yen tan winahyeng Hyang – widhi
Sing masrakat doh wibawa prak brahala
10.
Dalil ruwat maweh warah
Tanapi kathah nekseni
Kanang”wewadining kamuksan”
Kandep mayang sampurnane pati
Kukuming suksma nitis
Pasiksaning alam kubur
Neka warneng tan enak
Wiring isin mangkel sakit
Kang tumimbal mlorot saking drajad mulyanya
11.
Mangkya suksma kang sembada
Ruwat rucaty angoncati
Nyawa napsu napsinira
Gya mandiri suksma suci
Saksana pareng manjing
Alam padhang marak magut
Suksma-nabi-warana Hyang
Yeku”Jumbuhing kawula lan Gusti”
Kang sampurna suksma suci tunggal gusti
12.
Kawarana lamun tumibal
Pra jumbuh kawula lan Gusti
Adadya manungsa mulya
Mangkya kang manunggal Gusti
Langgeng tenrtem ati
Tan nate andarbe butuh
Lamun kinarsa Allah
Tumibal mring jagat maning
Sinung drajad senopati agameng Hyang
ASMORODHANA
1.
Kang yekti kasmareng ngelmi
“Ngelmi ghaib tri Prakara”
Kang katrin pan tumameng
Sak jroning alam sumpena
Pramila pangungsetnya
Tan liya mranata turu
Purwa madya wusananya
2.
Saben niat sare sami
Ngatur karsa-cipta –rasa
Mrih gilik-geleng golok
Neleng sawiji sedya
Pinathok jro wardaya
Tan nedya mlenceng sarambut
Riwusnya iku nata mapan
3.kang papan tinata tertip
dudu edi peni penak
kang pokok pinrih tentreme
kang gampang ginanggu sira
dening iki lan ika
Riwusnya mangkya sinambung
Nyuceni kanang sarira
4.
Siram iku kang utami
Kepeksane cukup suryan
Wijik tanapi akemon
Rampung iku mapan lenggah
Poasarean tumata
Nulya ngucapaken atur
Sembahyangan kunjuk Allah
5.
Rinaras ruruh aririh
Gya ngunjukna panuwunan
Sinambung manebut sareh
Allah mangkya sesembahan
Myang asma utusan Hyang
Kang wajib tuhu kita nut
Gya den alon mapan nendra
6.
Ing kalaning suksma eling
Eling sak jroning sumpena
Apa kang panggih lan winruh
Pan kayeka ginatosna
Sipat padhang pinraka
Den kongsi ngasta angrasuk
Yeku caket babaring hyang
7.
Yen panggih kang sarwa asih
Luhur adil myang welasan
Dyan mawa dzad apa wae
Tukulan-kewan-manungsa
Sembarang neka warna
Gondelana kang abakuh
Bakal babar wrananing hyang
8.
Kalamun sira pinanggih
Sarwa sipat pepenginan
Kang warana apa bae
Napsu-lidah dedaharan
Napsu birahi asmara
Napsu galih milik butuh
Emas picis raja brana
9.
Myang kang karya-wedi kwatir
Kayeku warana nyawa
Marma tampiken den age
Amuken den ngengeh ringga
Yen kalah sambat Allah
Pan jibna pasti tinulung
Mangkya nyawa bakal babar
10.
Mangkana prakara iki
Sayekti prakara gawat
Tan pantes ginampilake
Witnya “soal pejah gesang”
Yenkongsi tunda bima
Kedrawasan tan angukup
Tuna donya kubur kerat
11.
Marma garapan puniki
Amrih basukining lampah
Tanampi mentes asile
“Tata tertip”pan wus ana
Pitugas tunanggenah
Nyuluhi mring para panggayuh
Mligi urusan sumpena
12.
Mila Pra Panggayuh sami
Sadaya sumpenanira
Ywa ringga lawan pekewuh
Sinuluhnya mring pitugas
Kang nyata syah kwajiban
Yekti mangke sang pinyuluh
Suka rigen lan wewarah
13.
Daliling pinyuluh mangkin
Kang pokok limang prakara
Eka kanyata prasetyeng
Mring Allah lan agamanya
Kadwi nyata tamat
Weadining ngelmi tetelu
Katri saguh suka warah
14.
Catur sayekti kadugi
Weh garapan myang dadaran
Mring pra kadang suluhane
Ing daya myang gunasira
Ngelmi ghaib “Tri Prangkat
Panca pan dadi pendunung
Wewadining pejah gesang
15.
Ing wingking mangkin tinulis
Sumpenan Panutan kita
Pantes dadya kupiyane
Mring pra pangungset kasuksman
Kang ngangkah tepung Allah
Myang murba mring nyawanipun
Yeku sejarah Panutan
16.
Tanggal sanga likur sasi
Agustus mangkya kang warsa
Sewu wulungatus luweh
Sangang dasa dek samana
Myang sanga likur wulan
Maret sewu sangangat
Wolulas mangkya kinata
PANGKUR
1.
Larwa larap lakweng nalar
Raden gunung gya sumpena
Suksma yakti lenggar sangking raga sampun
Miyat samodra mombak
Kinedepaken kang samodra gantya wujud
Rimba gung kebekan wreksa
Ning kang kathah witnya krambil
2.
Rimba kakedepaken sirna
Hawahana alun-alun waradin
Isi janma ma ewu-ewu
Anyambut karya peksa
Sandanganya sawiji tan ana runtut
Weneh samya tanpa sandang
Pating bligung larweng isin
3.
Weneh samya nandang raga
Budeg-bisu-belek –memak kadas-kudis
Gudik kowak ubung busung
Tan ana ingurusan
Neka warna rudatine alam kukum
Mangkya pindah nereng suksma
Mulat waringin gung angigil
4.
Pang waringin penecokan
Kukila maweh gawok ing galih
Cucuk bang panjang cantuk
Jengger lamba wangunya
Siku tiga pan sami gembering janggut
Abang branang pindha dubang
Netra brit mblalak ngajrihi
5.
Biru wilis wulu nira
Mung ing dada sinung seling warni abrit
Sirah alit jangga lengkung
Swiwi myang buntut panjang
Dadya tanda sang ukila betah mabur
Kang cakar ajalu panjang
Weh candra galak awingit
6.
Binatin ukila musna
Jlek sakala sang suksma ing ngarsa maning
Wanita ngembari wujud
Yekti jambe sinigar
Anehe mung sifat kenya lawan kakung
Silih tanya sang akembar
Jarwa jinarwi sang akalih
7.
Pan samana purwanira
Suksma raden gunung tinarbukeng widhi
Mbabarnapsu kenyanipun
Nyawa pribadi nira
Ingkang kalok ratu jim segara kidul
Kang ingungset lameng tapa
Ing tri bana tan ana kalih
8.
Ning riwusnya wawancara
Ponang nyawa gya menggak sang suksma suci
‘jumbuh lan Allah” mrih wurung
Swala abitu tomo
Nyawa Kenya soring yudha musna luluh
Manjing iga wekas kiwa
Tilar janji sanggem ngabdi
9.
Saksana gantya wahana
Suksma suci Raden Gunung jleg wus manjing
“Jumeneng neng alam suwung”
Pribadi tan na liya
Apan mengku cahya linuwih angepung
Tepung tenan tepi tebanya
Ayem tentrem raseng galih
10.
Tan pantara ana “sabda”
Laras bening dumeling telenging galih
Tinampi ing galih tembus
Yekti tan kampir karma
Pan makaten”sabda dumelenging –kalbu’
Sira anerusna tapa
Tri dasa warsa malih
11.
Ngrame neng guwa samun mapan
Kanan kering kidul wetan tidar ardi
Mbesuk akhir tembenipun
Nimbulaken lakon sira
Lakon pinet anengahi para lakun
Telas sabda wungu nendra
Dyan Gunung legeging galih.
DURMA
1.
Putek rising RPS Sastrasoewignya
Datan sae ing galih
Ring gerahing garwa
Myang mothaing pra putra
Sanget kanang dadya guling
Jroning sumpena suksma enget rudatin
2.
Risang suksma jumeneng madyaning latar
Tumengeng ngantariksi
Myat palwa udara
Kekiter nginggil wisma
Trang katenon kang nitihi
Raja wanita anjlok tumedak siti
3.
Jleg laksana Raja Putri malih rupa
Priya ngembari warni
Pan jambe sinigar
Kalawan rising suksma
Aben ajeng silih liling
Satata lenggah ruruh tanya jinarwi
4.
Risang sakala engeting driya
Ring purwaning dumadi
Ing kekalihira
Witnya jagad sapisan
Nyawa priya napsu napsi
Waleh ing karsa cinatet ‘Tri wigati”
5.
Eka asrah wahyu wewadining urip
Jagading lahir bati“Adeg Trining Tunggal”
Wit wus tan kwawa kanggyan
Dawuhing Hayang Maha luwih
Kasrah sang suksma gia nyimat sak kering
6.
Kering nginggil rasukanira sang suksma
Sang suksma grayangi glis
Pan tan krasten asta
Wahyu wus manjing jaja
Jaja suksma ingkang kiring
Terus kadriamurba misesing kelir
7.
Kadwi nira sung usada ingkang garwa
Pincuk ron pisang kang wis
Tilas kanggya ajang
Timpalan ngendi papan
Jinanji mesthi mulyani
Wau sang suksma tan suwala nyanggemi
8.
Katrinira krana sang nyawa nglenggana
Tan darbe kuwasa maning
Purba wasesanya
Wus pindah mring sang suksma
Gya sang nyawa minta pancen
Nasibing gesang sang suksma paring janji
9.
Sira nyawa sejati napsu kala
Boganta wus pinesthi
Yeku tan aliya
Sifat barang lan banda
Thethukulan kewan sami
Manungsa pisan kang wus samyakabuktin
10.
Pisan apa sing datan dinarbekan
Pindho tan den ruwati
Katri datan mulat
Cirri ningsun lan sira
Kapat kalah apus tuwin
Roda paksanta yeku panganmu sami
11.
Dyan mangkonoambak wus kanyata klakyan
Aneng tanganmu sami
Nging saweneh ira
Sun butuhken sanyata
Sun pintho sawanci-wanci
Tan kena sira tambuh swaleng kapti
12.
Rampung janji sang suksma nganti sang kala
Nganglang midereng keh desi
Wijang winejang mrih keplok
Janjinira cinonto
Cinoba tertib
Telas mangkana sang kembar kundur sami
13.
Kocap gancar suksma nyawa merak garwa
Kang ngrengih dening rogi
Suksma lagya priksa
Garwa ginodeng yaksa
Yaksi jim cacahnya katri
Kapraban suksma kanang menter ajrih
14.
Risang nyawa nenggih kala gya manabda
Kakang garwamu mari
Ning pinesthi mangkya
Kang payu dara kanan
Kebacut gring awarih
Seseping putra mung kari sisih kering
15.
Wis ta kakang semene disik pepanggyian
Aku lilakna bali
Mung samangsa kakang
Butuh nimbali mring wang
Pan batinen aku prapti
Sigeg sumpena suksma nyarira nglilir
GAMBUH
1
Gambuh nimbuh pituduh
Mrih tan tepyur ninging tansah tuwajuh
Gennya ngungset ngelmi pati urip
Tri ghaib kongsi kacakup
Neng ndonya linatih lobok
2
Ywa kandeg godeng semu
Pan masyrakat sayekti sampun
Palsapahe mring ngelmi pati lan urip
Weneh cengkah weneh rujuk
Kene ngene kene ngono
3
Pra lagya nedeng gilut
Mring palsapah kita kang kadyeku
Lakung dhihin anindakna jroning batin
Geseh bali cocok mbacut
Lingsem yen tan klakon weroh
4
Tumrap pra kang wus dangu
Tetahunan meksa dereng nyakup
Lan ing petang lakung lepat lamun licik
Langkung leser nambah gentur
Sutapa brataning lakon
5
Kinarya pandom laku
Kita wajib enget dalilipun
Syah bataling sembahyang dasar semedhi
Sowan Allah jroning turu
Ngangkah jumbuh tampi dawuh
6.
Marma hakekatipun
Semedhi kang sinebut syah tuhu
Syah tuhu datan liya yeku pisa turu ngimpi
Kapidhone nyata jumbuh
Katelune nampi dawuh
7
Kaping pat ngerti dawuh
Klima wungu sare tetep emut
Kanem yekti linampahan liring galih
Kaping pitu nyata rampung
Keplok plek jiwaning dawuh
8
Mangkya kang batal gugur
Kosok wangsul lan kang syah puniku
Mrih cethane pan wajib jinereng ugi
Pinet dalil panalusur
Ring semedhi kang wus klakon
9
Tetep batal myang gugur
Nadyan kanthi tapa satus tahun
Nyirik uyah nyirik sega nyirik daging
Nyirik putrid nyirik kakung
Kabeh nikmat ndonya emoh
10
Siram sawengi ping pitu
Matur Allah tembunge aruruh
Panebute nglaras napas ping saketi
Nanging datan bisa turu
Semedhine tetep bobrok
11
Sanadyan bisa turu
Nging tan ngimpi iku uga gugur
Nadyan ngimpi lamun sang suksma kalindhih
Kerem pabegaling napsuSemedhine nora dados
12
Nadyan suksmane wus unggul
Enda saking pambegaling napsu
Wlaka pisan ri sang nyawa-napsu-napsi
Nging yen durung ngraos jumbuh
Iku uga dereng dados
13
Nadyan wus ngraos jumbuh
Awya ngraos tinunggalan sampun
Dening Allah tanampi dening wakil
Nging wungune datan emut
Sami mawon dereng dados
14
Dyan enget salwiring dawuh
Ning tumindak kaseb ngowah nyatut
Kang ngresepi anging tan eklasing galih
Mangkono ya durung wutuh
Durung trep semedhi dados
15
Marma sagung panggilut
Dayan pra katam apa maneh durung
Riwus kita ngetutaken dalil puniki
Swawi kita sami nlusur
Ring lir tindak kang wus klakon
16
Kita kudu tan tambuh
Pitukone semedhi mring Kabul
Syah sembadane ngelmi ghaib katri
Kang baku pan murba nafsu
Panyegah karsa Hyang manon
Kinanthi
1.
Kanthi nginthil kabya wuruk
Kang winarah ngarsa sami
Yen riningkes hakekatnya
Ngagesang sayekti wajib
Sapisan kudu rumangsa
Asal usuling Hyang Widhi
2
Pindho marma kudu tepung
Tepung tenan lan Hyang Widhi
Katlu Hyang Widhi mangkana
Winadeng ngelmi tri Ghaib
Kapat Tri Ghaib punika
Mung ketemu mligi ngimpi
3.
Klima bab semedhi turu
Syah batalnya wus dinalil
Endi syah endi batal
Wus tubanel tirik tirik
Kunci pitumbasing esyah
Murba nyawa satru gusti
4.
Pamurbaning nyawa satru
Agama kita ha dalil
Yekti angger-angger sewelas
Sapta kang minangka wajib
Catur dadya larangan
Angger-angger sewelas muni
5.
Mangkya sapta wajib iku
Eka bekti mring Hyang Widhi
Tanampi utusan nira
Kadwi bekti mring nagari
Tanapi marang masrakat
Tri ngajeni yayah wibhi
6.
Sumrambah para ngasepuh
Catur tresna asih siwi
Myang garwa sumrambah brayat
Panca tresna asih maring
Jagad kalawan isinya
Sat sregep nyambut kardi
7.
Anut guna bisanipun
Sapta budi luhur ngadil
Ambeg welas ing sesame
Gya catur larangan mangkin
Eka ngambandrek hazina
Dwi garwa langkung satunggil
8.
Tri nakal lan nistha wantu
Catur kang hasarwa sarwi
Cengkah lan sapta wajibnya
Dyan kinata ngriku nging
Ing budaya sinuksma
Dalil budaya wus nulis
9.
Galih dalil weh pitunjuk
Karsa-cipta-rasa salwir
Tan kenging anguja nyawa
Sang suksma kang kudu mimpin
Ing sarwa sarwi sinuksma
Sumengku Hyang Maha Suci
Pucung
1.
Kanang pucung
Ngrumpakasemedhi turu
Sembahyanging suksma
Dados guguring semedhi
Tetp mutlak gumantung aneng sumpena
2.
Lamun gugur
Wungu sare raga lesu
Kenging daya nyawa
Begaling sukma semedhi
Kapitunan nasib ndonya –kubur- kerat
3.
Lamun dados
Wungu sare raga cancut
Nalar padang gawang
Salwiring reh sarwa titis
Tuhu bagya nasib ndonya-kubur – kerat
4.
Ning kalamun
Ragi dados ragi gugur
Wungu saking nendra
Enget calone dumadi
Untung rugi mungguweng raga-nyawa-suksma
5.
Mangka sampun
Sinerat ing ugeraniun
Sembahyangan kita
Angka gangsal panjinarwi
Bakalaning takdir Allah saking kita
6.
Marma iku
Wajib ana dalilipun
Gotong royongira
Suksma lawan nyawa amrih
Sesarengan tanggung jawab nasib gesang
7.
Tegesipun
Suksma ribet nyawa nulung
Nyawa karibetan
Sang suksma kudu nulungi
Kanang raga tanggelan suksma lan nyawa
8.
Contonipun
Raga sakit nyawa nulung
Anyirika karsa
Kang nambah rusaking ragi
Suksma nulung nyuwun jampi ngarseng Allah
9.
Pan kalamun
Nyawa sanget kagolipun
Suksma kadugia
Ngatas neges jro semedhi
Pan binela nging anut sastra sabda Hyang
10.
Kosok wangsul
Sang suksma lagia pinedut
Peteng tan sumpena
Dyan sumpena nging kalindhih
Kapikuting nyawa tan antuk pepadang
11.
Malihipun
Suksma datan bangkit jumbuh
Myang dawuh kang cetha
Nyawa kudu nulungi
Sesarengan lawan raga talak brata
12
Nyawa kudu
Saguh ngendaleni napsu
Lidah brai nira
Tanapi murkaning galih
Kanang raga pinurba amrih susila
13.
Pan tinutup
Sinigeg mangkya kang kidung
Pangripta memuja
Mugi wewuruk puniki
Ketang kedik pan wonten munpangat ira
14.
Mangka pemut
Lestaning pangripta kidung
Rebo paing rina
Kaping wolulas ing sasi
Pan oktober mangkana angkaning warsa
15.
Sewu langkung
Sangangatus swidak punjul
Satunggal sinurya
Sangkalanira sayekti
Tinengeran raga sad-mbuka- suksma
Temanggung, 10 januarri 2010
Kasalin dening
Drs.Suhartono MM
Name

artikel,23,berita,45,budaya,12,Cermin,1,dharma,1,fiksi-file,7,filsafat,6,ghaib,2,ilmu,1,inspiratif,11,internasional,11,iptek,5,islami,31,kaweruh,6,kejawen,5,kesehatan,7,kisah,6,militer,9,mistik,6,nasional,1,nusantara,2,olahraga,1,opini,1,politik,3,psikologi,1,sejarah,21,selebriti,3,seni,3,spiritual,31,supernatural,2,tasawuf,4,Tausiah,6,tips,8,Unik,5,wanita,4,
ltr
item
SWARA NUSANTARA: BUDAYA SUKMA DALAM TEMBUNG MOCOPAT
BUDAYA SUKMA DALAM TEMBUNG MOCOPAT
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEjkG-e3GpU7nFCn3zi05UBfVlNFYgb4OhrJstxLMWOYhI3Phv7SG0pNu7QluuZ4ggMjDongL4COyYrv0GD8RBWzumAeXrspDuDST-uxsbZMkbf2bXk-BJHoIlNP_P1ZxaiFUZa9dv1PcKo/s640/pencarian.jpg
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEjkG-e3GpU7nFCn3zi05UBfVlNFYgb4OhrJstxLMWOYhI3Phv7SG0pNu7QluuZ4ggMjDongL4COyYrv0GD8RBWzumAeXrspDuDST-uxsbZMkbf2bXk-BJHoIlNP_P1ZxaiFUZa9dv1PcKo/s72-c/pencarian.jpg
SWARA NUSANTARA
https://suwarnews.blogspot.com/2017/10/budaya-sukma-dalam-tembung-mocopat.html
https://suwarnews.blogspot.com/
http://suwarnews.blogspot.com/
http://suwarnews.blogspot.com/2017/10/budaya-sukma-dalam-tembung-mocopat.html
true
3038772048707643647
UTF-8
Loaded All Posts Not found any posts LIHAT SEMUA Readmore Reply Cancel reply Delete By Home PAGES POSTS View All RECOMMENDED FOR YOU LABEL ARCHIVE SEARCH ALL POSTS Not found any post match with your request Back Home Sunday Monday Tuesday Wednesday Thursday Friday Saturday Sun Mon Tue Wed Thu Fri Sat January February March April May June July August September October November December Jan Feb Mar Apr May Jun Jul Aug Sep Oct Nov Dec just now 1 minute ago $$1$$ minutes ago 1 hour ago $$1$$ hours ago Yesterday $$1$$ days ago $$1$$ weeks ago more than 5 weeks ago Followers Follow THIS CONTENT IS PREMIUM Please share to unlock Copy All Code Select All Code All codes were copied to your clipboard Can not copy the codes / texts, please press [CTRL]+[C] (or CMD+C with Mac) to copy